prasasat awrat momotaning ngaurip
tan kuwawa kasangga
kemrangga
ngorong
abot, ringkih
mlaku tanpa karosan
pranyata aku ora mlaku
banjur?
apa kabotan potang?
apa kabotan anggonku nyaur?
apa cukup mbayar potang nganggo pasrah
ngaurip kalakone kanthi laku
ngelmu iku ya ngaurip iku
cucul momotan ora ateges nglalekake
nanging ngampungake
sanajan awrat